29.3.09

banyu udan tumètès.

“wis naté ngitung banyu udan?”
“aku durung édan.”

kembang ceplok piring goyang dangdut amarga angin.

“goyangané salah. kuwi tango, dudu sing tak ajarké wingi.” aku njajal nesu karo wit sing dhuwuré sakdengkul iku.
“kowé wingi ngajari apa? gambyong?” paraga kuwi nguntal cuwilan biskuit pungkasan.
“dudu, wingi tak ajari bambangan.”
“lah, bambangan karo sapa? kuwi tari sing butuh satria.”
“durung ana. satriané isih durung ketemu.”

kahanan kaya jam nem soré kamangka isih jam papat.

“aku kangen langit biru,” ujarku
“aku kangen langit biru semu ijo terus ana gambar pit onthel nang sela-selaning méga,”ujaré.
“émangé ana?”
“mulané kuwi aku kangen. aku ora arep kangen karo langit sing wis naté tak dulu.”

udan tambah deres.

“aku pamit.” dhèwèké nggedrig sikil kaping telu terus mabur tanpa nganggo jas udan. wiwit kapan dhèwèké bisa ajian pancasona kaya gatotkaca? embuh. muga-muga ora kesamber bledhèk. aku nggedrig sikil supaya ambles bumi kaya antasena. gagal. ngetik manèh waé.

9.3.09

ana rasa tentrem ing dina-dina iki. sawise ngliwati sewulan tanpa ngantor, aku isih nyoba dadi manungsa anyar. tanpa ngrasakaké jakarta sing sedina-dina macet. "hibernasi!" kuwi tembung sing tak ucapaké yèn ana wong takon. sedina-dina amung ngetik lan ngurusi tanduran. urip pas-pasan kanthi kanca radio. sing marai stress iku sambungan internet. aku krungu yèn ana tangga sing suksès masang internèt nganggo antena wajan. muga2 bisa.