14.11.10


métani tembung, utamané ing basa jawa lan melayu iku kaya dolanan wektu. kanggoné wong sing nganut kejawèn, asring dadi pétanan sing diterusaké dadi manéka warna crita lan malah dadi agama.

telu ing basa sangsekerta, telu iku tri, mèmper karo basa inggris three. ing basa jawa kuna asli, tembungé telu karo tiga. tembung iki uga dadi jalaran kanggo tembung tigan (endhog), sebabé endhog iku dumadi seka telung (3) matèri, yaiku cangkang, putih, lan kuning. telur iku uga dumadi seka telu. ing pewayangan, angka telu sing magepokan karo kapercayan disambungaké karo dumadiné bathara guru, togog, lan semar. déwa telu sing dumadi seka endhog. ing kitab purwacarita, dicritakaké yèn sanghyang tunggal dhaup karo dewi rekatawati. embuh piyé, sing baku sang déwi nglairaké endhog, dudu manungsa. amarga jèngkèl, endhog mau dibanting. cangkang dadi antaga (togog), putih dadi ismaya (semar), lan kuningé dadi manikmaya (bathara guru). manikmaya dadi rajaning déwa, antaga dadi pamilut para dur angkara, ismaya panggulawentah para ksatria.

gawé istilah pegawai iku rada anèh ing basa indonesia. tembung iki luwih cedhak karo basa jawa kuna. apa ana tembung gawai ing bausastra indonesia? ing basa jawa jelas ana, yaiku gawé. kaya déné gulai dadi gulé, ramai dadi ramé, semono uga, gawai iku dadi gawé. sejatiné, dudu gawai nanging gaway. dudu i nanging y. tembung2 sing nganggo y ing pungkasaning tembung iki lumrah ing basa jawa kuna. umpané: tamuy (tamu), wway (banyu:jawa; cai:sundha; air:melayu), wangkay (bangké:jawa, bangkai:melayu), gulay (arti ing basa jawa kuna yaiku manéka warna rempah2an), apuy (geni:jawa, api:melayu), raray (bocah), lan liya-liyané. tembung2 sing rada genit nganggo y iki isih ana ing basa osing. ana kalané, y uga tinemu ing tengah, dadiné kaya basa pocapan cah2 alay. upamané hyas (hias:melayu), mangulyat (menggeliat:melayu, ngulèt:jawa), syapa (sapa:jawa, siapa:melayu).

klangenan sejatiné, tembung iki mula bukané apik. nanging yèn panjenengan nginjen ing bausastra jawa saiki, klangenan iku bisa dimaknani slingkuhan. tembung iki jaman kunané yaiku kalangwan utawa kalangön. tembung linggané (kata dasar) yaiku "langö" utawa "langeu" (aksara "eu" iki isih ana ing basa sundha). ing basa bali dadi "langu." ing nyepi, salah sawijining sing diinggati yaiku "kalanguan". artiné ngilari apa sing dadi kasenengan. "langö” pancèn artiné kasenengan utawa kaéndahan. zoetmulder nganggo tembung iki kanggo nggambaraké sastra jawa kuna sing éndah. ing padinan jawa, klangenan iku artiné kasenengan, upamané manuk kutut, dolanan sing disenengi, lan uga slingkuhan. tembung linggané sing saiki yaiku “langen” sing artiné “seneng”. perkara klangenan iki bisa panjenengan waca ing panalitèn seka ui iki.