10.10.11

dina mau, wiwitan aku mangkat kerja seka omah anyar nang perumnas 1 karawaci. panggonan sing cukup kutha, kanggoku lan bojoku. aku lan bojoku, biasané pindhah omah ya mung pindhah waé. nanging, amarga wingi éntuk titipan supaya golèk dina sing becik, pungkasané manut-manut waé. wis dadi lumrahé wong jawa yèn arep ngangslupi omah anyar kuwi kudu digathèkaké dina pasaran sing sreg. ndilalah, wetoné bojoku ngepasi minggu wingi kuwi. dadi sisan ndéné. ngangkut2 barang wis diwiwiti dina setu. lan mbenginé, wong saomah lagi resmi mlebu manggon ing ngomah kuwi.
kanggo sing ora ngerti, mesthiné nganggep aku lan bojoku mlebu omah mau dina setu. nanging, pètungan jawa iku béda. awané pancèn setu, nanging wiwit maghrib, dina wis ganti dadi minggu. wong jawa nganggep (kaya déné tanggalan sing nganggo pètungan mbulan liyané) yèn gumantiné dina iku ngepasi nalika rembulan wis wiwit katon. dadi setu mbengi iku wis kepétung dadi minggu.
perkara golèk ngerti dina kuwi apa kuwi, saiki wis ora angel manèh. aku uga wis gawé program nganggo php sing bisa kanggo golèk dina. nang internèt uga wis akèh sing bisa kanggo golèk dina.
aku dadi kepikiran, piyé yèn nyithak dhéwé waé tanggalan sing lengkap kanthi tanggalan jawa lan uga wukuné sisan.