20.6.12

jadwal acarané sing mengko nang ustrali wis tekan. katoné padhet. rada aras2en mangkat nyang melbourne. nanging, aku pengin uga ketemu salju (haiyah, ndesané kebukak). ngomong2 masalah ndesa, pas dina senèn wingi aku nemu kembang semboja kelopak enem. tekan kantor, dak pamèraké karo mas sius. aku isih kelingan. jaman mbiyèn, nalika ing saréyan (kuburan), aku asring golèk kembang semboja kelopak enem. umumé, kembang semboja iku kelopaké lima. cah-cah - lan uga aku - padha ndèlèhaké kelopak mau ana ing buku. jaréné bèn pinter. kanyatané? blas ora nyambung.

5.6.12

bar nemu tulisan seka majalah kejawèn terbitan balé pustaka (taun 1935): Tiwas dening anggènipun tapa. Ing dhusun Kagokên, bawah asistèn wêdana Gatak, Surakarta, wontên tiyang kalih kakang adhi, sami anakipun kapala dhusun Kagokan. Sadhèrèk ingkang sêpuh cariyos badhe tapa mêndhêm, adhinipun ingkang kapurih mêndhêm, sakawit botên purun, nanging sarèhning dipun pêksa, inggih dipun pituruti. Enjingipun pêndhêmanipun dipun tuwèni, pinanggih taksih gêsang, nanging ingkang wontên pêndhêman nalika sumêrêp dipun tuwèni malah muring-muring, gadhah panêdha sampun dipun tuwèni malih. Wusana sanès dintên ing ingriku wontên ganda botên eca, sakawit dipun kintên bathang tikus. Sarêng wontên sagawon ngêmbus-êmbus dhatêng papan pêndhêman, adhinipun sawêg èngêt, pêndhêman lajêng kadhudhuk, kakangipun pinanggih sampun pêjah. Miturut papriksan doktêr, pêjahipun jalaran kêplêpêgên.