ndeleng cah-cah sing bengak-bengok nggugah wong kanggo saur marai kèlingan jaman isih nang ndésa. lan yèn dipikir2, pancèn kelakuan kaya ngono kuwi luwih patut nang ndésa. ing kampungku, nalika kuwi, mung ana rong omah sing kristen. siji wong budha. udakara wong lima sing kejawèn lan ora naté solat. lan ya ana cah kristen sing mèlu bangak-bengok nggugahi wong turu. yèn mangsa rambutan wis abang, éntuk bonus njupuk (nyolong) woh-wohan. jaréné halal njupuk barangé wong sugih. mung nggawa kenthongan lan mubeng desa. kejaba kanggo nggugah, uga kanggo medèni maling sing tambah niat ing wulan pasa. yèn cedhak omah sing ana bayiné, swara mandheg sik.
nalika wong-wong sing bengak-bengok kuwi banjur gedhé lan ngumbara menyang kutha, kelakuan kuwi isih diuripaké. banjur diturunaké. ora sadhar yèn ing kutha, wong agama liya luwih akèh. mbok menawa kabudayan kaya mangkono mau bisa ditrapaké ing panggonan sing kabèh muslim, kaya ing islamic village, tangerang.
lan jakarta, bekasi, bogor, depok, tangerang diisi déning wong-wong kampung kaya aku iki. gagap mudheng yèn kampungé saiki ora mung muslim thok. ora ngerti unggah-ungguhing wong kutha.