24.1.17
20.1.17
16.1.17
12.1.17
6.1.17
langit surem nanging ora ana riwis-riwis grimis. sawise mangan ngopi karo nyemil kukis, aku maca manèh cerpènku sing naté kapacak ing koran Jurnal Nasional. aku seneng diksi sing tak rawit ing karangan iku. aku banjur ngudhal-udhal email lawas, golèk tipak apa sing dadi lelandhesan crita mau. aku isih kèlingan ilustrasi ing koran kuwi, ana tulisané "oportunis" ngebaki kothak. aku uga isih kelingan sawijing komèntar seka crita cekak kuwi, sing kurang luwih "enak dijadikan cerita, tidak untuk dialami."
aku maklum, perkara kuwi, kaya déné aristoteles nganggep tragedi utawa crita sedhih iku mujudaké crita sing adhiluhung. nganyut lara ati iku pancèn sawijining rumus paling patrap nalika magepokan karo seni. iku uga sing dadi alesan lagu pop sing ngenes dadi kesenengané wong akèh.
4.1.17
pirang-pirang taun kepungkur, ana tukang ramal ing bali. musrik iki. wong kuwi ndeleng aku suwi, praupan sajak mesakake karo aku. mbok menawa pancen rupaku rupa melas. aku nganggep ramalan kuwi guyonan. aku arang ketemu tukang ramal sing niat crita. akeh-akehe bungkem yen tak kon njajal ngramal. sing iki, crita ya mung saupil, katone ora tega arep crita. wektu kuwi aku nganggep dheweke ngira aku bejad.
liya dina, ketemu tukang ramal maneh nalika ing jakarta. ora ana angin, ora ana udan, wong kuwi uga ngramal aku. critane mung saupil uga. dheweke malah nggedubrus perkara liya. perkara sing sawise takon karo swargi Ibuku, dicritani kanthi luwih jangkep. crita sing katone wis diruwat dening ibuku sawise kuwi. crita sing mung kudu isin amarga aku kaya kurang donga kanggo apa sing mbiyen tak anggep sepele lan musrik. sing iki jan-jane critane rada sumringah. aku uga nganggep iki guyonan.
nanging, kanyatane, guyonan kuwi katone wis kewiyak separo dalan sing tukang ramal seka bali iku. aku lagi mudheng, ngapa kok sajake, ramalan sing tak anggep kabar apik iku jebul didhisiki crita sing ora mung saupil thok. regede padha karo upil, mungkin ambune malah kaya mani. nanging, kuwi kaya kaca benggala nalika aku srawung ing alam awang-uwung sing nate diwedhar karo bapakku. ing ndonya awang-uwung, crita kuwi mung bisa ditesmak ing kahanan kang uga awang-uwung alias suwung. yen ing buddha disebut ‘sunya.’
wingenane, ana kenya sing medhar mantra sing lumrahe katulis ing watu mani. embuh kuwi pratandha apa. kuwi uga guyonan liya sing ditulis karo Gusti.
aku njajal medhar, nanging perkarane, sirahku ora bisa suwung. butuh lelaku. aku wis ora kepingin ngerti maneh. aku mung arep mlayu, mlumpati segara, ngupadi lelakon sing jarene isih disimpen dening peri.
jaman isih smp mbiyen, yen aku ngimpi, ibuku mung ngendika, “kuwi peri.”
peri-peri kuwi pancen sok crita perkara-perkara aneh. sawijining dina, aku ketemu nang impen lan mung nduduhake tulisan "i owe u" sing kapacak ing tembok werna ijo. peri kok bisa basa gaul inggris ngene. liya dina, ana peri liya teka ing impen lan ndongeng crita sing aku ora mudheng kuwi crita apa. pirang-pirang taun kepungkur, sawijing peri nemoni ing sawijing omah lawas. mlaku bebarengan karo mesam-mesem. bubar kuwi, durung ana maneh peri sing nemoni aku. mungkin peri-peri jaman saiki sibuk nonton serial korea kidul.